TARI CARANG GRENG || GENIBUDJARI 2023 || SANGGAR BUDAYA NUSANTARA KOTA KEDIRI
Sanggar Budaya Nusantara Sanggar Budaya Nusantara
3.39K subscribers
832 views
43

 Published On May 9, 2024

Ide Garap : Agus Suharmadji, S.Pd., MM.
Penata Tari : Ambarwati, S. Sn.
Penata Musik : Yongki Pratama, S.T.

CARANG GRENG
Gara gara ……. Gara gara carang greng
Sing mrambat…..urip jroning ati
Akeh kang padha sambat
Urip ing ndonya, dinane iki krasa angel
Golek sandhang pangan krenggosan
Ngalor gadhog……ngilur notok
Ngulon munggah ndrodos kringete
Ngetan akeh alangan
Kabotan….. golek sego sapulukan
Dromosan ….. golek ngombe saclegukan
Krekalan…. Sasuwek sandhangan

Pancen ora ana sing gampang
Wis ra padha sapa aruh
Kabeh mung golek butuhe dewe
Ora nyawang tonggo….ora nyawang kanca
Nganti mentala mangan balunge dulur
Ngombe kringete brayat

Ati yen wis ketutup bledug
Apa wae nekat dilakoni
Panggonan wingit disasak
Paugeran tumata diterak
Pranatan urip diorat arit
Wis ora peduli

Ati yen wis atos…. Ngalahke watu
Sapa wae sing ngelikake wis ra dianggep
Pitutur apa wae wis ra payu


Carang greng pancen ruwet
Sapa wae ora bakal bisa ngudhari….
Ngilangi…. Ngliwati….
Carang greng yen wis kadhung ngglubet
Carang greng yen wis kadhung ngoyot
Kaya…. Kaya ora bakal bisa diudhari

Nanging ora lur…. Ora ca
Sak ruwet njlimete ati isih bisa diudhari
Sak angel ribete ati isih bisa didandani
Kaya ing telenging carang greng kae
Ana rerambahan sing endah ing warni
Abang ireng isine…. Ijo seger godhonge
Sogok thuntheng bisa mbagusi carang greng
Sogok thuntheng isih nduweni guna faedah

Sogok thuntheng ndadekake carang greng
Dadi apik….. ndemenake
Sak ruwet ruwete carang greng
Sak angel angele urip iki
Sak sara sarane golek sandang pangan
Isih ana sogok thuntheng
Sing nggambarake ati kang tulus
Sabar tur Ikhlas….. narima ing pandum

Ya mung ati sing sabar
Sing bisa ngliwati reribet
Sing bisa nglunturke rakusing ati
Sing bisa ngluluhake atosing ati
Madhep mantep ngabekti
Mring Pangeran Kang Maha Widhi

show more

Share/Embed