Dolanan Geguritan FTBI SD Kab.Tegal SDN Suradadi 04
Nur Lailiyah Nur Lailiyah
222 subscribers
74 views
5

 Published On Sep 19, 2024

Dolanan
Parpal Purwanto

Nalikane padang bulan
Mbah kakung ngajak dolanan
Gegojegan ing plataran
"Kae sawangen lintang waluku
Sing mbiyen tansah gancani aku
Gobak sodor nganti parak wengi"

Mbah putri nuli imbal
"Nalikane padang bulan
Bocah wadon ora ketingalan
Ambyur ing plataran
Sarbiyah,delikan utowa gacaran"

Saiki dolanan kari crita
Awit platarane wis sepi bera
Ora ana bocah lan kumlebate
Podo karem ing kamar dolanan hape

Saiki dolanan wis mungah yuotube
Sing nonton para wong tua
karo ngelus dhodho
Awit bocah bocah
malah seneng nembang bojo loro
Utawa nonton kartun lego
sing ngawe ati mlongo

Created by Khaza Najmi Azzahro
Dari SDN Suradadi 04
19 September 2024
SDN Penusupan 01
FTBI Kabupaten Tegal#bersamaanakhebat

show more

Share/Embed